AYO KONCO KONCO TOPENG IRENG
Ayo konco - konco..
Podo suko suko
Supoyo gembiro
Kancane pemudo..
Sebab waktu iki kanggo meringati
Isro' mi'raj nabi Muhammad kang suci ..
Lan kabeh kancaku yen tinuju mlaku
Kudu laku laku kancane bersatu..
Ojo sesorakkan kudu sing aturan
Mengko ndak koyo kewan mung rebutan pangan
Ojo podo gelo aku ingkang jogo
Kancane pemudo sing rupane olo.
Snajan rupo olo nanging ra sembodo
Mulo diplioro kancane pemudo ..
Mung weling kawulo dateng poro mrikso
Sampun ngolo - olo awit tunggal bongso..
Lan weling kawulo dateng poro mrikso
Ampun sami nyacat manggeh ndak maksiat..
Kados sampon cekap lagu lagu kulo
Bilih menawi lepat nyuwun pangaksomo
Posting Komentar untuk "AYO KONCO KONCO TOPENG IRENG"