ATUR SUGENG TOPENG IRENG
Atur sugeng dumateng kang samyo dateng
Amreksani badan kulo wujud cemeng meleng meleng
Ampun ngantos samyo jinggleng
Mangke mundak meseng ngereng
Atur kulo dumateng poro pamirso
Ageng alit kakung putri sepuh mudo sedoyo
Yen wonten lepat kawuloNyuwun gunging pangaksomo
Kulo niki lare lare Dusun Mingking
Dereng saget toto lan udo negoro sanyoto
Sagete mung lungo sobo
Mung pados pangupo jiwo
Milanipun sedoyo kang samyo mrikso
Ampun ngantos sami ngolo olo mring kawulo
Nadyan kulo rupo olo
Nanging tasih konco niro
Nadyan olo Rupo kulo amedeni
Nanging tasih golongane santri Sayekti
Sawek sami anglampahi
Kesenian werni werni
Milanipun sedoyo kang samyo mrikso
Ampun ngantos sami ngolo olo mring kawulo
Nadyan kulo rupo olo
Nanging tasih konco niro
Nadyan olo Rupo kulo amedeni
Nanging tasih golongane santri Sayekti
Sawek sami anglampahi
Kesenian werni werni
Sampun cekap kang dados atur kawulo
Mugo samyo sekecakni lenggahiro Sedoyo
Sinambi mrikso kawulo
Kang rupane mboten toto
Posting Komentar untuk "ATUR SUGENG TOPENG IRENG"