AYO PRO KONCO TOPENG IRENG
Ayo pra kanca padha olah raga supaya badane rosa.
sinambi maca erang-erang kawula engkang miturut agama.
Ayo para sedulur islam sedaya bebarengan ngurmatana,
maring Mi’ raj’ e junjungan Nabi kita Nabi Muhammad kang mulya.
sinambi maca erang-erang kawula engkang miturut agama.
Ayo para sedulur islam sedaya bebarengan ngurmatana,
maring Mi’ raj’ e junjungan Nabi kita Nabi Muhammad kang mulya.
Ayo poro kaum muslimin muslimat sarta pemuda fatayat,
padha giata anggone menghormati
maring Mi’ raj’ Nabi Muhammad
padha giata anggone menghormati
maring Mi’ raj’ Nabi Muhammad
Lamun wong urip ra gelem menghormati,
Mbesuk yen ana akhirat
Bakal kaparingan siksa lan laknat
geni naraka kang mbulat.
Namun kang podo golong menghormati
maring Mi’ raj’ Njeng Nabi,
mbesok yen kito tumeka ing pati di ganjar suwarga kang edi.
Lafal Inadiina Indalohil islam
iku dhawuhe Pangeran,
agama mungguhe Gusti Allah Islam iku den lakoni tenan.
Mila ayo padha seduluran,
natepana ing kewajiban.
Ayat kang kasebul ana ing dalem Qur an terang dhawuhe Pangeran.
Mila sadulur kang samya mriksa
mugi enggal lan tindakna.
Agama Islam kang luwih utama iku dadi kewajibannya
Posting Komentar untuk "AYO PRO KONCO TOPENG IRENG"